Diberdayakan oleh Blogger.
RSS

LUPIS RASAKSA

        Ing daerah Pekalongan Jawa Tengah ono daerah sing terkenal yaiku desa Krapyak. Desa iki dibagi dadi Krapyak Lor lan Krapyak Kidul. 
        Setahun pisan setiap wulan Syawal desa iku mesti gawe syukuran sing bentukke Lupis Raseksa. Syukuran mau awite tradisi sing terus dilakokke mben tahun.
        Tradisi iku dilakokke setahun pisan gentenan ning Krapyak Lor lan Krapyak Kidul. Tradisi Lupis Raseksa dilakokke seminggu sakwise dina Raya Idul Fitri. Akeh wong sing podo ngunjungi Lupis Raseksa iku. Dek dalam kota lan luar kota.
        Ing Lupis Raseksa, lupis dipotong marang Wali Kota Pekalongan utowo Wakil Wali Kota Pekalongan. Jarene lupis mau bisa ngilangke penyakit wong sing mangan, tapi iku mung cerita – cerita mitos sing kadang bener kadang salah.
       
Lupis Raseksa digawe karo para warga Krapyak nganggo duit urunan setahun pisan. Lupis digawe telong dina telong wengi. Lupis Raseksa digawe saka beras ketan. Abote nganti 1 ton 4 kwintal lan diametere 1 meter. Lupis sing wis dadi diblebet nganggo godhong pisang nganti rapet.
        Lupis Raseksa wis siap diarak mutre kampung lan mandekke ning anggonan pemotongan. Lupis Raseksa didelehke ning duwur panggung ning tengah.
        Sakdurunge dipotong lupis mau didongani karo kyai sing ning kono supoyo ono berkahe. Ning acara syukuran lupis mau dipotong marang Bapak Walikota  Pekalongan utowo Wakil Walikota Pekalongan. Bubar dipotong Lupis dibagi – bagi warga lan para pengunjung.
        Sakliane berkah ning syukuran Lupis Raseksa iku ono tujuan sing paling utama yaiku silaturrahmi lan kerukunan antar umat muslim ning indonesia.

  • Digg
  • Del.icio.us
  • StumbleUpon
  • Reddit
  • RSS

0 komentar:

Posting Komentar